Friday, August 30, 2013

PIDATO BAHASA JAWA [PENDHIDHIKAN]

Wajibe Luru Ngelmu

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bismillah, alhamdulillah, asholatu wasalamu ‘alaa rasulillah ibni ‘abdillah, wa’ala aalihi wa shohbihi ajma’in. Robbi shrohli shodri, wayassirli amri wahlul ‘uqdatam-millisaani yafqohu qouli amma ba’du.

Para rawuh kakung miwah putri ingkang kula hurmati
Minangka purwakaning atur kula, mangga-mangga kula panjenengan sami ngaturaken puja-puji astuti wonten ngarsa dalem Allah subhanahu wata’ala, ingkang sampun paring rohmat, hidayah, inayah saha kasarasan satemah kula panjenengan sami saged tindak wonten ing majelis ingkang mubarokah menika.

Salajengipun sholawat sarta salam karaharjan mangga dipun aturaken wonten ngarsa kanjeng nabi agung kula panjenengan sami, nun inggih Kanjeng Nabi Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wa Salam, ingkang sampun nuntun kula panjenengann sami saking margi ingkang lelimengan tumuju dhumateng margi ingkang sumunar gilar-gilar.

Para hadirin ingkang minulya
Wonten ing kalodhangan menika keparenga kula sakedhik matur babagan ngelmu. Ngelmu menika wajib tumraping umat muslimin muslimat wonten ing jagat minangka sangu urip ndonya akhirat. Awit kanjeng nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam sampun paring dhawuh
“Tholabul ‘ilmi faridhotun ‘alaa kulli muslimin wa muslimat”

Ingkang tegesipun golek ngelmu menika dipun fardhuaken tumrap saben-saben piyantun islam kakung saha estri
Pramila para rawuh, kanthi hadits menika, sampun gamblang bilih luru ngelmu menika wajib dipun estoni, menapa malih pados ngelmu menika boten namung wonten sekolahan kemawon. Pados ngelmu menika saged wonten papan pundi kemawon saha kaliyan sinten kemawon. 

Sanadyan tasih alit inggih kedah sinau, langkung-langkung babagan tata krama, supados benjing tua sampun kulina. Semanten ugi ingkang sampun sepuh, kedah ugi ngangsu kawruh kagem sangu dumugi malaikat maut njabut ruh. Kados hadits kanjeng nabi menika:
“Uthlubul ‘ilma minal mahdi ilal-lahdi”
Ingkang tegesipun pados ngelmu menika wiwit saking gendhongan dumugi lahad (pendheman)

Pramila para rawuh ingkang minulya,
Mangga sami dipun kathah-kathahken anggenipun luru ngelmu, supados gesang menika boten rugi, boten namung mampir turu saderengipun turu. Paribasan wong urip mampir ngombe menika salah satunggalipun inggih menika luru ngelmu, ngelmu kangge sangu wonten ing donya, ugi sangu sowan benjing wonten akhirat sowan ngarsa dalem Allah subhanahu wa ta’ala.
Piyantun ingkang luru ngelmu menika boten badhe rugi, ananging Gusti Allah janji bakal ngangkat derajatipun piyantun ingkang nggadahi ngelmu kados dene wonten ing qur’an surat Al-Mujadalah ayat 11,
“Bismillahirrohmanirrahim, yarfa’illahulladzina aamanu min-kum, walladzina uutul ‘ilma darojaat.”

Ingkang tegesipun Allah badhe ngangkat derajatipun piyantun ingkang iman saha piyantun ingkang nggadahi ngelmu mapinten-pinten derajat.

Para lenggah ingkang minulya,
Piyantun gesang wonten ing donya menika saenipun gesang ingkang mumpangati, gesang ingkang mumpangati menika badhe ndadosaken kula panjenengan sami dados piyantun ingkang sae tinimbang piyantun sanesipun. Wonten hadisipun kanjeng nabi:
Khoirun-naas anfa’uhum linnaas
Sabagus-baguse manungsa menika ingkang nggadahi mumpangat dhumateng manungsa sanesipun.

Wonten hadits kasebut boten namung satunggal manungsa kemawon awit wontenipun lafal anfa’uhum, hum menika jamak, dados manungsa ingkang sae menika manungsa ingkang mumpangat kagem piyantun kathah. Mumpangat menika saged dipun wiwiti saking ngelmu. Piyantun ingkang nggadahi ngelmu menika badhe nggadahi mumpangat dhumateng piyantun sanes-sanesipun. Dados menawi kula panjenengan sami nggadahi ngelmu, ampun pelit-pelit kaliyan sanesipun, kedah dipun bagi supados beta mumpangat saha barokah amin Allahumma amin.

Para rawuh ingkang kula hurmati,
Kula kinten cekap semanten atur kawula, menawi kathah klentuning atur kula, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksama.
Akhirul kalam, wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Saturday, August 24, 2013

INDAHNYA ISLAM DALAM MAHAKARYA JAWA


Nadyan asor wijilipun // meskipun rendah adanya (lahirnya)
yen kelakuwane becik // apabila perilakunya baik
utawa sugih cerita // atau banyak cerita (pengalaman)
kang dadi misil // yang menjadi perumpamaan
yen pantes raketana // jika pantas dekatilah
darapon mundhak kang budi // supaya menjadi bertambah (baik) budimu
kutipan serat wulangreh karya Pakubuwana IV (Pupuh Kinanthi)

dari kutipan yang sedikit tersebut terkandung banyaknya ilmu jika hati peka dalam menilai dan meresapinya.
ketika kita mengetahui atau mengenal seseorang yang dipandang lebih bawah entah itu harta derajat dan sebagainya, namun orang tersebut memiliki banyak ilmu, banyak pengalaman, pantaskanlah untuk menjadi tempat belajar.

tiada manfaat jika hanya berdasarkan pada gengsi belaka, karena ilmu tidak mengenal gengsi bahkan usia. siapapun itu kapanpun itu adalah wajib baginya menuntut ilmu tanpa pandang bulu. adalah wajib bagi setiap uslim untuk menuntut ilmu (uthlubul 'ilma faridhotun 'alaa kulli muslimin)

dan tiada elok orang yang menjelek-jelekkan atau mengejek orang tua yang mau menuntut ilmu, kerana ia belajar kepada yang lebih muda, atau ada yang menghina ketika ada orang berderajat tinggi belajar kepada rakyat jelata. menuntut ilmu sekali lagi tiada batasnya selain satu, yakni kematian. bukankah uthlubul 'ilma minal mahdi ilal lahdi? menuntut ilmu itu dari buaian (gendongan) hingga liang lahat.

adalah indah ketika hati mau menerima siapa saja, apa saja dan kapan saja serta di mana saja dijadikannya tempat belajar dan menuai hikmah.
semoga sentiasa mendapat hidayahnya untuk membuka hati ini supayalah peka terhadap ilmu-ilmuNya..... walau setetes dari samodra keilmuanNya.